SUGENG RAWUH

Friday 23 January 2015

Aku Cah Apikan

Mulo diluruske dalane, dikurangi le nggondes. Saiki wis gede mikir masa depan. Lak yo podo pengin ndue masa depan cerah to? Minimal nek metu dolan yo entuk pelajaran karo pengalaman, ojo mung kumpul-kumpul udad udud karo ngombe ciu. Ngko keno polisi mung mewek. Nek kiro-kiro ra penting rasah metu omah. Kesehatanmu iku loh. Ojo telat ngomong aku rapopo nek wis kadung kelilipen awu.
Wong urip ki yo kudu ndue pendirian, nek mung ubyang ubyung ngalor ngidul mubeng mubeng ngonokae paling sesuk gede dadi bakul gangsingan. Dadi uwong kui sing semeleh, nek raiso luwih yo berusaha sekuat tenaga nanging ojo dipekso. Dudu berusaha nggo nibak nibak ke jati dirine wongliyo. Duit kui bakalane entek, kesetiaan yo bakal terkikis, tresno yo bakal iso ilang, tapi jujur wae nek KSSB kui tetep mendarah daging =))